Sabtu, 10 Maret 2012

"SABDA PALON NAYA GENGGONG" Ratune dhemit sak pulo Jowo

    1.Padha sira ngelingana carita ing nguni nguni, kang kocaping serat babad. Babad negari Majapahit. Nalika doking nguni, Sang Brawijaya aprabu, pan samya pepanggihan, kalihan njeng Sunan Kali, Sabda Palon Naya Genggong rencangira.
    2.Sang Prabu Brawijaya. Sabdanira arum amanis, Nuntun dateng punakawan, Sabda palon paran ngarsi, jeneng sapunika. wus ngrasuk agama Rasul, Heh kakang pekenira, melua agama suci luwih becik iki agama kang mulya.
   3.Sabda palon matur sugal, yen kawula mboten arsi, ngrasuka agama islam, wit kula punika yekti, Ratuning Dhah Myang jawi momong anak putu, sagung kang para nata, kang jumeneng tanah jawi, wus pinasthi sayekti kula pisahan.
   4.Kalawan paduka sang nata, wangsul maring sunyaruri, mung kula matur petungna, ing mbenjang sapungkur mami, yen wus prapta kang wanci, jangkep gangsal atus tahun, wit ing dinten punika, kula gantos kang agami, Gama Budi kula sebar ing tanah jawa.
   5.Sinten tan purun nganggeya, yekti kula risak sami, sun sajekken putu kula, brekasaan rupi-rupi dereng lega kang ati, yen dereng lebur atempur kula damel pratanda, pratanda tembayan mami, hardi merapi yen wis njeblug mili lahar.
   6.Ungidul ngetan purugira, ngganda banger ingkang warih nggih punika medal kula,  wis nyebar Agama Budi, merapi janji mami, anggereng jagat satuhumRahsanireng jawata, sedaya gilir gumanti mbaten kenging kalamunta kaewuhan.
   7.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar