Selasa, 25 Januari 2011

DAYA KANG ASALE SAKA SADULUR PANCER

Yaiku sadulur kang wis kumpul dadi wewayangan kang aran makdum sarpin. Iki nduweni daya bisa awas, (mangerti dawuhing pangeran), ananging kanti pralambang. Bisa anekakake mangunah (laku panguripan) tumrap kabutuhan ndunya. Mula sapa kang bisa nggayuh daya makdum sarpin mau bisa nduweni daya kabungahan. (sugih karep).
Daya saka sadulur pancer, iki kalebu daya ashor sabab dadine sarana kacipta, mangka sakabehing kang kena kacipta iku mung kabutuhan ndunya bae, mula diarani daya ashor. nanging durung kalebu daya kang ala, awit ala becike daya iku gumantung empan papane anggone nindakake.
Mungguh pangrakite anggone nindakake daya kang saka pakartine sadulur pancer (utawa kang momong) meh pada karo kang saka pakartine ingsun, mung bedane ora perlu tekan luyut cukup layap bae. Tegese kacipta sajroning kaeningane. Dene bisane katemu utawa wanuh nganggo sarana nglakoni.

Lakune: Adus ing wayah bengi ping pitu, saben sajam kaping pisan, kawiwitan jam 11, tumeka jam 5. saaduasan 15 menit antarane adus lan adus maneh ana wektu 45 menit iku nganggo meneng bae sendhehan utawa sarean (turon)  ana njaba omah kanti meleng ngesti marang sadulur kita (pancer). Teruse....................................liyo dina.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar