Senin, 13 Desember 2010

Wejangan Ki Rana Jati

Punika andunungaken menggah kakekatipun dzating pangeran ingkang Maha suci, sarehne binasaaken sakalangkung gaib, tanpa rupa, tanpa warna, asipat dede jaler, dede estri, dede wandu, sarta mboten jaman makam, boten arah boten enggen, dinulu boten katingal, dinumuk boten kantenan, punika isbatipun amung cipta sasmita dumunung wonten ingkang waskita, mila dipun kiyas makaten :

Sejatine ora ana apa-apa, sakabehing asya kang kasebut iku dudu tajalining dzat kabeh, tegese dudu pangejawantahing pangeran kang maha suci sajati, iya kang murba masesa kang kawasa mungguh ingsun, kang maha mulya maha suci mungguh ingsun.

Menggah wiwisikan makaten punika manawi dereng saget anampeni ing panggalih, mugi den taberi amarsudi ing suraosipun pangimpuning wewejangan-wewejangan, Makaten:

Ing sadurunge ana apa-apa, kahananing alam kabir lan alam sahir saisine durung pada dumadi kabeh, kang ana dhihin dhewe amung dzat kang maha suci, sajatine dzat kang maha suci iku kang asipat hesa, kabasaaken dzat mutlak kadim ajali abadi, tegese kang asipat siji, kang mesti dihin dhewe, rikala ijih awang uwung, lawase kahanan kita yaiku jumeneng pribadi ana ing sajrone nukat gaib, kang langgeng dumunung ana ing urip kita, kayektene yaiku urip kita iki tajalining dzat kang maha suci sajati, mulane wajib padha bisaa rumeksa marang urip kita pribadi, merga saka ngati-ati gemi nastiti kang dadi sangkaning panguripan, aywa nganti kapiran nora jumeneng ing uripe, pahe kang wus tumitah mukmin kas, kareksaning uripe saka wis bisa anetepi tokid angantepi iktekad, sabab ing babasan:

Nora susah menawa nandang kamlaratan, nora uwas yen kaluwen,  nora maras yen ginanjar lara, nora miris tekaning pati, Manawa taksih tumitah kawula ngam, kudu tumindak ihtiyar kang andadekake kasantosaning urip.

Menggah gesang kita punika tetelanipun manawi dados tajalining dzat kang maha suci sejati, dene kayektosan   ing ngriku boten pahe kaliyan kang kawasa amedharaken kodrat iradat, liripun inggih kodrat iradat kita pribadi punika sayekti terusaning kodrat iradatipun kang kawasa aspat kayat, tegesipun asipat gesang, inggih gesang kita pribadi. Mila wujuding gesang kita punika babaripun mawi papangkatan dumunung dalem 7_kahanan, inggih punika minangka warananing dzat, dados wahananing sipat asma afngal kita sadaya, kados kapretalakaken ing ngandap punika :
1.Kayu, tegesipun gesang, anunggil kahananing dzat.
2.Nur, tegesipun cahyo, dumunung sajawining gesang.
3.Sir, tegesipun rahsa, dumunung sajawining cahya.
4.Roh, tegesipun nyawa, dipun wastani suksma, dumunung sajawining rahsa.
5.Napsu, tegesipun angkara, dumunung sajawining suksma.
6.Ngakal, tegesipun budi, dumunung sajawining napsu.
7.Jasad, tegesipun badan, dumunung sajawining budi.

1 komentar:

  1. Setelah membaca jangan lupa tinggalkan komentar anda di bawah ini

    BalasHapus