Sabtu, 04 Desember 2010

CARA MENYEMBUHKAN PENYAKIT DARI DINI

Tiyang sakit wiwit dinten ahad.
Wiwitanipun saking Tungkak kadosta kesel, kesandung = medal penyakit panas, linu, abuh lan sapanunggilanipun.
Tiyang sakit wiwit dinten senin.
Wiwitanipun saking ngempet hawa Mentas tukaran kaliyan ingkang jaler utawi mentas mirengaken tembung ingkang mboten nyakecakaken = medal penyakit, panas, padharan lan sapanunggalanipun.
Tiyang sakit wiwit dinten slasa.
wiwitanipun saking flu pilek : medal penyakit panas watuk lan sapanunggalanipun.
Tiyang sakit wiwit dinten rebo.
Wiwitanipun saking kotoripun padharan utawi kecolok tetedhan : medal penyakit padharan, ngelu panas lan linu.
Tiyang sakit wiwit dinten kemis.
wiwitanipun saking balung jalaran saking kesel : medal penyakit panas watuk lan sapanunggalanipun.
Tiyang sakit wiwit dinten jum'at.
wiwitanipun saking mripat, nggadah pepinginan utawi saking kekathahen melek : medal penyakit ngelu, panas lan sapanunggalanipun.
Tiyang sakit wiwit dinten sabtu.
wiwitanipun saking sangeting gagasan : medal penyakit : panas, padharan lan sapanunggalanipun.
INGKANG DIPUN OBATI INGGIH WIWITANIPUN PENYAKIT INGGIHPUNIKA NGOBATI SAKING OYOTIPUN.                                  
    
                              

Tidak ada komentar:

Posting Komentar